Materi Gamelan kelas 3

Gamelan

    Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang Tumrape wong urip,gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau naka ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.

     Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panenus, bonang
barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus,
sanon barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.

A. Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan
   Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan,
utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngreti kanthi cetha. Tuladhane kaya ngisor iki.


Gamelan
    Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacane akeh,
nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan
ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras
slendro lan laras pelog.
      Laras slendro nyakup titilaras 1, 2, 3, 5, 6, dene laras pelog isine titilaras 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7.
Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake jinis iku jenenge
pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama
dipadhakake karo solmisasi, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet
5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh
mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.

B.Mbedhah perangane teks eksposisi

Pembuka:Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji.

Isi: Sanajan cacahe akeh,
nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan
ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras
slendro lan laras pelog.
      Laras slendro nyakup titilaras 1, 2, 3, 5, 6, dene laras pelog isine titilaras 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7.
Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake jinis iku jenenge
pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama
dipadhakake karo solmisasi, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet
5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang.

Penutup:Kabeh
mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.

Sumber:Basa Jawa 3 Gegaran Nyinau

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Unsur Intrinsik Novel

Materi Basa Jawa kelas 3 Busana Jawa

Materi Basa Jawa Kelas X Tembang Macapat