Postingan

Materi Basa Jawa kelas 3 Busana Jawa

Busana Jawa Ajining dhiri gumantung kedaling lathi,ajining sarira mapan ana ing busana Ngono iku unen-unen Jawa ing dhuwur kui supaya wong Jawa ngati-ati anggone Padha muni A.Maca lan nemokake isine teks dheskripsi Babagan Busana Jawa      Kaya kang wis tau dirembug, kang sinebut teks dheskripsi iku teks kang diguna njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki, kang dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.     Supaya bisa menehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa kudu nemokake apa isine kang baku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa krama. B.Nanggapi pokok-pokok isine teks dheskripsi Babagan Busana Jawa         Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntutan sejati...

Materi Gamelan kelas 3

Gamelan     Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang Tumrape wong urip,gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau naka ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.      Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: bonang panenus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slenthem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, sanon barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang. A. Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan    Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kadadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngreti kanthi cetha. Tuladhane kay...

Materi Basa Unsur Intrinsik Novel

Njaga Tentreming Urip Bebrayan Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine. lan A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat). Jlentrehe, tema iku underane prekar...

Materi Basa Jawa Sesorah

Sesorah ( Ringkasan Materi ) Ringkasan Materi Bahasa Jawa Sesorah (Kelas XI semester 1) 1.Pangerten  Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Sesorah ana ing Bahasa Indonesia jenenge pidato. Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal.Sesorah katindakake wong jawa.utamane menawa ana upacara adat.Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku : a.Upacara mantenan jangkep. b.Sunatan ( Supitan ) c.upacara sedekah gunung, lan sapanunggalane. 2.Jenis Pidhato/Sesorah a.miturut gunan, sesorah kabagi dadi piranh-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang kudu antuk tanggapan) b.miturut ancase pidato 1.atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp 2.alur kabar,pawarta utawi informasi Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiaraa, pramila ...

Materi Basa Jawa Kelas X Tembang Macapat

Bab Tembang Macapat Tembang Macapat minangka puisi tradisional Jawa sing ana ing saben pupuh kasebut ana Gatra (garis ukara). Gatra dhewe dibangun dening suku kata tartamtu (Guru Wilangan), mula seri kasebut rampung karo swarane geguritan pungkasan sing diarani Master Master. Sanajan Macapat kasebut disebutake Puisi Tradisional Jawa, ing sawetara budaya daerah kayata Bali, Sasak, Sunda lan Madura, kita uga bisa nemokake tembang Macapat kanthi jeneng liya. Kajaba iku, Macapat uga ditemokake ing budaya Palembang lan Banjarmasin. Macapat dijlentrehake kanthi étimologis minangka Maca Papat-Papat (Java) utawa ing basa Indonesia bisa diinterpretasi kanthi Maca Papat Papat. Pangertosan kasebut nyebabake cara maca sing saling isi ing saben patang guru. Kajaba iku, sawetara sing nate interpretasi -pat ngrujuk ing jumlah sandhangan (diakritik) ing skrip Jawa sing relevan kanggo ngembangake macapat. Pemahaman liyane babagan Macapat uga bisa ditemokake ing Serat Mardawalangu dening Ranggawar...