Materi Basa Jawa kelas 3 Busana Jawa

Busana Jawa

Ajining dhiri gumantung kedaling lathi,ajining sarira mapan ana ing busana

Ngono iku unen-unen Jawa ing dhuwur kui supaya wong Jawa ngati-ati anggone Padha muni


A.Maca lan nemokake isine teks dheskripsi Babagan Busana Jawa

     Kaya kang wis tau dirembug, kang sinebut teks dheskripsi iku teks kang diguna
njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki,
kang dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa
apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.
    Supaya bisa menehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa kudu nemokake apa isine kang baku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa krama.

B.Nanggapi pokok-pokok isine teks dheskripsi Babagan Busana Jawa

        Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntutan sejatine nyandhang nganggo iku ora sakepenake dhewe. Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti. Contoh isine teks dheskripsi ing ngisor iki!

Busana Adat Jawa

     Busana kejawen mungguhe wong Lanang iku dumadi saka wolung werna,yaiku:blangkon utawa dhestar,beskap utawa atela,sabuk utawa setagen, keris,cindhe utawa sindhur,epek,timang,jarik lan selop
      Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana
pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka
pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong wilah/parung, pendhok, lan ganja.

C.Nulis teks dheskripsi Babagan Busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual

Bab kang dideskripsike:Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku:blangkon, beskap,sabuk,keris,cindhe,epek,timang, jarik lan selop

Perangan kang dideskripsike: Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana
pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.

D.Maca teks dheskripsi Babagan Busana Jawa kanthi nyuwara

      Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang
kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif)
      Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora kes
ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha
Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /ol, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen
Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone ma
penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.

Sumber:Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Unsur Intrinsik Novel

Materi Basa Jawa Kelas X Tembang Macapat